Minggu, 30 November 2008

PEH
Oleh: Helmy Prasetya (teater Ruang)



Bocah-bocah lagi wae mulih sekolah, neng tengah dalan dha mandheg nggresula.

BANGKIT : Wah kesel banget! Dhek mau diwulang pak Bagyo kon nggarap PR sak dhabrek! Okehe ra njamak!
BINTA : Lha aku diwulang bu Binta, sing ngentutan kuwi lho!
CAHYO : Anak-anak, tuuut!
BINTA : Ini Budi! Ini Bapak Budi! Tuuuut!
BANGKIT : Aku ya bu Binta.....ini entut....sak ampase!


KOOR : Ning kita harus menghormati guru, meskipun ngentutan sak ampase (DI BOLAN-BALENI)


Dha mandheg omongan meneh.

CAHYO : Mengko nguluke layanga ya?
BANGKIT : Kowe apa ndhuwe layangan?
CAHYA : Aku ndhuwe!
BINTA : Aku ya ndhuwe!
BANGKIT : Mengko nguluke layangan ya?
CAHAYA : Ya!
BIONTA : Ya!

Bocah-bocah kuwi mau neruske laku, mulih nyang ngomahe. Tekan ngomah dha kebelet ngising.


BANGKIT : Wadhuh kualat aku!
BINTAN : Aku kualat aku!
CAHYA : Aduh-duh wetengku lara!


Terus dha ngising neng wc-ne dhewe-dhewe.

KOOR : Ciprit-ciprit cebok-cebok, cewok-cewok (DI BOLAN-BALENI)



Bareng wis rampung ngisinge, Bangkit terus mangan. Binta turon neng kamare. Cahya thenguk-thenguk.

CAHYA : Arep ngapa ya? Oh, iya iki mau rak aku kencanan karo Bangkit karo Binta yen arep nguluke layangan?

Terus Cahya njikuk layangane banjur metu ka ngomahe ngampiri Binta.
Neng ngarep omahe Binta, Cahya celuk-celuk!

CAHYO : Ta! Binta! Ayo nguluke layangan!
BINTA : Ya! Ayo!

Binta metu ka omahe karo nggawa layangane nemoni Cahyo.

CAHYO : Yo ngampiri bangkit yo?
BINTA : Yo!


Terus cah loro marani omahe Bangkit. Tekan ngarep omahe Bangkit, wong loro
kuwi bengok-bengok lan celuk-celuk.

CAHYO : Kit bangkit!
BANGKIT : Apa?
BINTA : Kit! Ayo kit! Nguluke layangan!
BANGKIT : Kosik!
CAH LORO : Kowe lagi ngapa?
BANGKIT : Dahar!
CAH LORO : Apa kuwi! Cah cilik kok dahar! Mangan!


Terus cah loro mindhik-mindhik mlebu omahe bangkit. Nemoni Bangkit lagi enek-enek mangan, cah loro njenggung dhase Bangkit.

CAH LORO : Asem i!
BANGKIT : Lha kowe ra ndhang mara-mara kok! Kowe gelem piye?
CAH LORO : Ya!
BANGKIT : Nyo roti bolu! Nyo iwak ingkung! Nyo tai!



Cah telu dha ngguyu ngakak bareng nganti kepingkel-pingkel! Sak banjure cah telu metu ngomah terus mlaku neng lapangan arep nguluke layangan.

CAH TELU : Ayo nguluke layangan! (DIBOLAN-BALINE SAK URUTE DALAN)

BANGKIT : Neng kene waer ya?
CAH LORO : Ya!


Cah telu cekat-ceket masang tali goci neng ragangan layangane dhewe-dhewe!


BANGKIT : Piye? Uwis! Aku uwis lho?
BINTA : Durung!
BANGKIT : Ora ndhang cepet-cepet kaya wong ngising!
BINTA : Katimbang kowe cepet-cepet kaya wong mencret! Creeeet!
BANGKIT : Wis pa rung! Ayo!
CAH LORO : Yo!

Cah telu terus mlayu ngulukake layangan dhewe-dhewe! Bareng wis muluk dhuwur, bocah telu terus sangkutan, ngedhu layangane dhewe-dhewe!


KOOR : Sangkutan! Tarik! Ulur! Tarik! Ulur! Tarik! U....wah pedhot! Peh!

Cah telu dadi nangis merga layangane pedhot!

KOOR : Eeeeeeng! Eeeeeng! Eeeeng!


Saka suara tangis telu-telune dadi berubah suara kendharaan! Cah telu terus kaya wong numpak kendaraan, mubeng-mubeng!

KOOR : Eeeeeng! Eeeeeng!
BINTA : Langgar!
CAHYO : Salib!
BANGKIT : Macet!
BINTA : Langgar!
CAHYO : Salib!
BANGKIT : Macet meneh!
BINTA : Langgar!
CAHYO : Salib!
BANGKIT : Langgar-langgaran! Salib-salib pan! Ning sing rukun ya?
KOOR : : Eeeeeeng! Ngetril! Lepas setang!


Terus cah telu tabrakan! Dha pating glasar ning ora dha kelaran tenanan.

BANGKIT : Ya mulih yo?
CAHYO : Yo!
BINTA : Trus adus, bubar kuwi lese ta?
CAH LORO : Ya!


Cah telu mlaku mulih nyang omahe dhewe-dhewe! Banjur adus bebarengan!

KOOR : Gebyur! Gebrur! Osok-osok osok, bolote nglicop! (DIBOLAN-BALENI)

Bareng wis rampung trus cah telu dandan neng ngafrep kaca! Macak! Bareng
rampung macak trus metu omah!

BANGKIT : Eandi Cahyo karo Binta ya?
BINTA : Lho wis nunggu kit!
CAHYO : Ayo!
CAH LORO : Yo!
BINTA : Ayo les! Ngelesi gurune sing ngentutan kuwi!
CAH LORO : Yo!

Terus metu les!






Tamat!

Tidak ada komentar: