Senin, 14 September 2009

MERDEKA

PMERDEKA
Karya: Angga Rr.

1. Plonto : E….. jaman saiki kuwi bedo karo jaman londo.
2. Plenton : Yo jelas bedo kang. Ndisik awake dewe di jajah saiki wis merdeko.
3. Plonto : Merdiko….yak- merdiko gombal.
4. Plenton : Lhoh nyatane kang, awake dewe wis oleh nyanyeke Indonesia Tanah Airku.
5. Plonto : alah Indonesia tanah airku mbil.. nyatane opo kowe kuwi nduwe tanah ning Indonesia buktine kowe isih nyewo neng lemahe wong liyo, dadine kowe ora pantes nyanyi Indonesia tanah airku pantese Indonesia tanah sewaku… ngono kuwi. Kowe kuwi ojo percoyo marang lagu. Sing jare Indonesia kuwi tanahe subur. Kaya akan rempah-rempah, minyak bumi, buktine awake dewe ora isoh nduweni kuwi kabeh malah awake dewe ora kuwat tuku kabeh kuwi mau.. lah yo ora to.. dadine ora kacek..
6. Plenton : we… awake dewe ora keno ngono kuwi kang, isoh di cekel aparat lho kowe.
7. Plonto : lha iki opo ora di cekel aparat.. opo kuwi yo sing di kandakke yen wis merdiko, lha wong kuwi kasus nyata sing tak rasake.. opo yo salah nek aku ngomongle isi atiku.. opo aku kon meneng wae ngrasakke kahanan koyo ngene..
8. Plenton : wis.. wis rasah dibacutke… luwih becik kowe ngandakke babagan wisata kuliner wae sing ono kutone dewe.
9. Plonto : wo ngono… oh iyo aku kuwi paling ora seneng mangan karo jangan tumpang..
10. Plenton : weh.. jangan tumpang kuwi enak loh kang.. aku kuwi nek esuk sarapane jangan tumpang..
11. Plonto : weh opo kowe gelem jangan tumpang?
12. Plenton : gelem no.. mbok tak pangane.
13. Plonto : jangan tumpangi…
14. Plenton : gelem.
15. Plonto : tumpang lho..?
16. Plenton : gelem.
17. Plonto : tumpangi?
18. Plenton : gelem.
19. Plonto : tumpangi batang tikus?
20. Plenton : lho kok tumpangi batang tikus?
21. Plonto : yo nek ngono tumpangi batang jaran.
22. Plenton : lho kok tumpangi batang terus?
23. Plonto : lha gelem ora?
24. Plenton : yo emoh..
25. Plonto : lha iyo kok kowe ngeyel.
26. Plenton : nek mung ngono aku yo isoh.. aku kuwi paling gilo karo dodolane Pak Sutris.
27. Plonto : opo kuwi?
28. Plenton : alah kuwi tahu kopet. Opo kowe gelem?
29. Plonto : kuwi tahu kupat yo ton.. dudu tahu kopet…
30. Plenton : wah sori kang maklum wae ilat ku ilat inggris dadi ora isoh muni hurup “A” isone “E” kupat dadi kopet.
31. Plonto : aku kuwi paling seneng ngombe es campur.
32. Plenton : bang bayik kowe gelem ngombe es campur?
33. Plonto : yo gelem, mong seger banget.
34. Plenton : es campuri?
35. Plonto : hiyo..
36. Plenton : es campuri batang tikus?
37. Plonto : yo ra sudi kok campuri batang… we..e..e.. mbales.
38. Plenton : aku kuwi kang paling getting lan anyel nek kon ngombe es pak mbolon sing ono sekaten.
39. Plonto : lha opo?
40. Plenton : lha lambeku isoh nyonyor kabeh.
41. Plonto : lha kuwi es opo to kok medeni?
42. Plenton : e.. jenenge es cawet.. dadi ben ngombe lambeku koyo di jebret kolor..
43. Plonto : kuwi isih mending lagi es cawet. Lha nek aku lagi pisan neng Jawa Barat weteng ku luwe di suguh nasi uduk.
44. Plenton : wa yo langsung mbok pangan no kang.
45. Plonto : langsung pangan piye? Bayang no nasi uduk kuwi jebule sego ditumpangi knalpot ben nyuworo uduk-uduk 3x koyo motor. Lha lambeku padhakke barang brompit piye?
46. Plenton : nanging wong solo kuwi ugo terkenal sekti tur ampuh..
47. Plonto : lha buktine opo?
48. Plenton : wong solo ki pakanane sego pecѐl padahal nggonku ngono sing jenenge pecѐl kuwi yo nggo meceli kayu. Lha nek neng solo kok yo nggo meceli lambe. Mulane nek wong solo nyuworo kasar kuwi atos banget.
49. Plonto : lambemu nek ngomong di atur. Kuwi dudu pecѐl ning pecel.
50. Pak RT : ono opo kok yo ribut-ribut?
51. Plonto : wo pak RT monggo pak.. monggo.. niki le kulo nembe gojek.
52. Pak RT : yo sukur nek mung gojek. . amargo ngegrejekan karo tonggo kuwi ora becik.
53. Plenton : alah pak.. pak RT.. teng kampung niki lah sampun adat. Bileh ngrasani tonggone niku sampun biasa. Nek tonggone sugih di rasani gadhah pesugihan lha nek tonggone mlarat dirasani ora sregep nyambut gawe.. lho niku pripun..
54. Plonto : alah pak RT niku lak nyindir kulo, lak yo ngono to di?
55. Pak RT : wis.. wis.. wis.. ora sah digawe perkoro marai molo. Kowe ngerti ora nek iki malem 17an awake dewe kudu podho nyeng kuyung kewibowone bongso lan negoro.
56. Plenton : lah pripun carane pak RT?
57. Pak RT : 1 kowe kudu isoh ngatur keluargomu dewe, 2 dadiyo conto tuladhane poro tonggo sing tegese yo podho dhisik-dhisikan tumindak kang becik. Contone kerja bakti, rewang, nyinom, lan podho bebarengan tetulung marang tonggo sing nandhang kesusahan. Ojo malah diguyu lan disukurke. Nek enek tonggo sek sukses ayo piye carane awake dewe niru supoyo biso sukses. Ora malah dirasani.
58. Plonto : rungokno le.
59. Plenton : kowe kuwi loh kang sing di sindir, kook malah nduding aku.
60. Plonto : mengko dhisik pak RT, lah pripun tanggapane pak RT bab bom-boman sak wulan kepungkur? Sanjangipun niku kagem mbelani Allah lan njejegke dalan Allah.
61. Pak RT : owh kosek to, ojo sok sembrono migunakake asma Allah kanggo urusan kepribaden sing aku dewe kurang mangerti. Sing penting awake dewe kudu eling lan waspodo elingo Allah kuwi sopo kok ndadak di belani lah wong Allah kuwi sektine ora umum. Allah kuwi ora butuh dibelo amargo Allah kuwi Maha linuwih katimbang kowe mbelani Allah mbok kowe mbelani keluargamu, tonggomu lan bongsomu.
62. Plonto : lha nek njejegke dalan Allah niku pripun pak RT?
63. Pak RT : hahahaha… kowe kudu eling maneh sopo to Allah kuwi. Kowe ngerti insinyur sing gawe dalan layang ono Jakarta? kuwi ora ono apa-apane disbanding pintere Gusti Allah. Lha kok kowe uwong sing wingi sore arep njejegke dalan Allah, opo ora malah kuwalik? Sek perlu dijejegke kuwi dalan uripmu sing saben dino mekso tonggo, sing mbendinane gawe serik atine tonggo. Dalan Allah kuwi ora ono sek salah, amargo kuwi mau wis kodrat perkoro wong sing lakune nyimpang yow is ben.mesti besoke bakal ngunduh amargo Gusti Allah ora sare.
64. Plenton : leres ngendikane pak RT, malah-malah lelagon kados mekaten saged ndamel pecah persatuan lan kesatuan bongso nggih pak RT?
65. Pak RT : bener kowe kabeh kudu podho ngilingi opo kang dadi sumpahe poro mudo-mudi pas tanggal 28 Oktober 1928, yoiku sumpah pemuda sing isine “poro nom-noman Indonesia kudu nyawiji.
66. Plenton : kudu akur nggih pak RT? Senadyan bedo suku, agomo utawi ras.
67. Pak RT : bener awake dewe kudu tansah manunggal lan nyawiji eling-elingen BHINNEKA TUNGGAL IKA.
68. Semua : berbeda-beda tetapi tetap satu jua. Dirgahayu Republikku Indonesia yang ke-64. MERDEKA!!!

………………………………Rampung……………………………………………..…………….

Tidak ada komentar: